Lirik Lagu Sumandhing - Arya Galih feat. Rini Epeledut

Sumandhing - Arya Galih Feat Rini Epeledut

Sineksen mbulan kekencar ing ratri Nggurit jagad bareng klawan si reki Sayang Natah bungah ngrengga Tresna nyandhing sliramu Eman Kenya manis sesotyaku

Lara lapa tansah nggandheng lan sira Lelana wana coba nrajang godha Nimas Angugemi janji suci kang wus tinali Yayi Nyawiji tekaning pati

Sumpahing ati sayang Tansah sandhingan Kang kadya mimi mintuna Setyeng katresnan

Pujanku sayang Manggih klanggengan Mrih bisa kasembadan Antuk jatining kasetyan

Baca Juga: Lirik Lagu Ajeng Febria - Ibu Bilang Pakai Ini Dulu