Wanci ratri mung tansah tak kangeni
Jroning nala mung tansah tak jaga
Sliramu kembange ati
Sing tansah tak tresnani
Rina wengi mung tak anti-anti
Rong taun suwe mangsa lawase
Sumanding rasa klawan asmara
Nyambung rasa tali tresna
Gedhene coba kang ana
Ikhlas ati sabar dilakoni
Wong ayu aja bimbang atimu
Tresnaku mung kanggo sliramu
Kuciwa tau tak songgo
Bisa sirna merga ndika
Tresnamu sing dadi usada
Wong bagus bombong rasa atiku
Keprungu apa isi atimu
Bebrayan sing nate cidra
Saiki kari cerita
Katresnanmu sing dadi tamba
Rong taun suwe mongso lawase
Sumanding rasa klawan asmara
Nyambung rasa tali tresna
Gedhene coba kang ana
Ikhlas ati sabar dilakoni
Wong ayu aja bimbang atimu
Tresnaku mung kanggo sliramu
Kuciwa tau tak songgo
Bisa sirna merga ndika
Tresnamu sing dadi usada
Wong bagus bombong rasa atiku
Keprungu apa isi atimu
Bebrayan sing nate cidra
Saiki kari cerita
Katresnanmu sing dadi tamba
Ayo bareng padha memuji
Tresna suci bisa langgeng tekane pati
Ayo bareng padha memuji
Tresna suci bisa langgeng tekane pati