Entahe kemerlip lintang Seng ning duwur awang awang Ning sayange aku mung biso nyawang Duh endahe wengi iki Rembulan setyo ngancani Eleng marang janji naliko kui Sumilire angin wengi Seng biyen ngelus rambutuku Ning sayange kowe ora ono ning sandingku gawe gelo atiku
Aku kang tulus lan tresno Ngugemi tuluse roso Roso tresno ono sakjerone dodo Jenengmu biyen tak tulis ono uwete cemoro ora ilang biyen nganti mongso Dadi sekseni tresno
Pujuk’e cemoro seng ono lerenge bromo Kangen pengen krung tembang tembang tresno Kae mego mendung tansah Setyo dadi payung payunge ati kang lagi nandang wuyung