Lirik Lagu Difarina Indra Adella - Kawitaning Sinawang Feat. Fendik Adella

Koyo ngene yen nandhang loro asmoro Jroning nolo mangambar arum puspito Dahat rasaku sesandhing marang sliramu Dyah ayu memanike jantungku

Kawitan sinawange pasuryan Tansah ginambar ing semune awang Katon endah solah slagane Karereng wredhu bawane

Duh kangmas tan kendhatku ngalembono Batin jroning tyas hangidung tresno Yen sinawang gebyare kahanan Biso anut mbungahne angenan

Lintang ing tawang kadyo netramu Padange bulan gambarne esemu Sumilire angin gowo tresno Jenengmu kang katut kagowo

Difarina Indra Adella - Kawitaning Sinawang Feat. Fendik Adella

Baca Juga: Lirik Lagu Ajeng Febria - Ibu Bilang Pakai Ini Dulu