Lirik Lagu Jalaraning Tresna - La Tasya feat. Nayla Fardila

Jalaraning Tresna - La Tasya Feat Nayla Fardila

Sunar mbulan wayah dalu Kalah endahe yen kalawan esemu Solah slagamu kang lugu Amimbuhi kapang jroning kalbuku

Bungah tan kuwawa aku Tansah mbayangi pikirku Esemu dadi jalaraning tresnaku

Puspita kang manis ayu Parasmu dya lintang luku Amung sira kang tak antu Rina wengi nggugah kalbu

Asmara setya satuhu Marang duh wong ayu Nyata tresnaku Tulus kanggo sliramu

Baca Juga: Lirik Lagu Ajeng Febria - Ibu Bilang Pakai Ini Dulu