Lirik Lagu Jesica Cristy - Blitar Banyuwangi

Sumirat kuning suminar Suryo wanci sore ing Terminal Blitar Koyo koyo nguntap’ake Budalku karo kowe menyang Banyuwangi

Gremet gremet minyak dalan Bis Harapan Baru mlaku alon alon Gumrengenge suoro mesin Soyo keprungu banter ngajak rerikatan

Ing pundakmu aku senden Atis titis rasaning tyas Ing sak dalan-dalan kowe Mung elus elus rambutku

Alas pareden kumintir Minongko seksine lakonku lan kowe Angete roso tresnamu Soyo kroso naliko kok aras pipiku