Lirik Lagu Kawitaning Sinawang - Safira Inema

Kawitan sinawange pasuryan Tansah ginambar ing semune awang Katon endah solah slagane Karereng wredhu bawane

Duh nimas tan kendhatku ngalembono Batin jroning tyas hangidung tresno Yen sinawang gebyare kahanan Biso anut mbungahne angenan

Lintang ing tawang kadyo netramu Padange bulan gambarne esemu Sumilire angin gowo tresno Jenengmu kang katut kagowo

Koyo ngene yen nandhang loro asmoro Jroning nala mangambar arum puspito Dahat rasaku sesandhing marang sliramu Dyah ayu memanike jantungku