Lirik Lagu Kayungyun - Niken Salindry

Naliko ingsun ketemu, mring sliramu Duh wong ayu Kumantil ono netraku Kowe tansah, mesem sarto ngguyu

Dilakoni sak solahe, yen ngendiko Ngresepake Aku tansah mikirake Nanging kowe, ora gelem ngglape

Koyo ngene, rasane Wong kayungyun Rino wengi Mung tansah ngalamun

Gedhene nggonku kasmaran, ono omah Ora krasan Ora eling mring kahanan Tiwas edan, datan kasembadan