Lirik Lagu Ngertenono Ati - Silvy Kumalasari

Aku ra nuntut opo meneh nglarang keras Kowe ameh cedak ro kancamu lanang Yen pancene tresnamu tenan nggo aku Mesti iso mikir batese pergaulanmu

Wes cukup tak ujo Kowe cedak sopo wae Pesenku siji kabeh ono bates wajare Aku ra bakal brontak Ndak gur gawe kekancanmu rusak Cukup aku meneng nyawang koe kepenak

Jelas jelas ku berubah Judeg nyawang kowe polah Hubungan wes ora genah Arep bubar ya terserah Genah nduwe gandengan Seh gatel golek anyaran Amnesia ro pasangan Nek ngene ki yo bajingan Awale tak cobo sabar Polahmu tak sekarep Soyo suwe soyo barbar Dolan we ndadak nggo nginep Ra mungkin ra kelonan Sumpah ku wes muntab tenan Kepingin tak larak pedang Mikir koe iso edan

Wes cukup tak ujo Kowe cedak sopo wae Pesenku siji kabeh ono bates wajare Aku ra bakal brontak Ndak gur gawe kekancanmu rusak Cukup aku meneng nyawang koe kepenak

Kowe blas ora berkelas Nduwe konco cerak gragas Mbok nei kode keras Ra nggo suwe langsung di gas Aku komanan opo?? Mung dikei janji tresno Ngampet ngamuk bendino Pengen ngepruk ndase kono Dasare ra nduwe moral Nduwe awak kok di obral Kenapa harus binal?? Mbok yo sek jual mahal Terus terusno nakal Kuucap slamat tinggal Aku wes kuat mental Sorry aku ra kenal

Wes cukup tak ujo Kowe cedak sopo wae Pesenku siji kabeh ono bates wajare Aku ra bakal brontak Ndak gur gawe kekancanmu rusak Cukup aku meneng nyawang koe kepenak

Mas salahmu dewe Ngujo aku ro liyane Aku di keloni Karo kancaku dewe Sepurane kang mas Tak suwun atimu ikhlas Lilakno aku Bahagia karo kancaku

Wes cukup tak ujo Kowe cedak sopo wae Pesenku siji kabeh ono bates wajare Aku ra bakal brontak Ndak gur gawe kekancanmu rusak Cukup aku meneng nyawang koe kepenak Cukup aku meneng nyawang koe kepenak

#Credits: Judul : Ngertenono Ati Voc : Silvy Kumalasari Cipt : Yonanda Ndx Arr : Talenta Music