Jeriting panandhang oh Gustiku Suwara tangis kang kelayon Trenyuh sak jroning ati Angadhepi pacoban iki Manungsa tan bisa anyelaki Pepati kang nggegirisi Titah tanpa daya Angadepi pacoban iki
Aduh Gusti amung pasrah ing pesthi Aku percoyo langit tan mendhung Ilang tangis kang melung-melung Gusti mesthi bakal mungkasi Surya sumunar hamadangi Urip kang sayekti Jagad anyar kang dumadi
Manungsa tan bisa anyelaki Pepati kang nggegirisi Titah tanpa daya
Angadepi pacoban iki
Aduh Gusti amung pasrah ing pesthi Aku percoyo langit tan mendhung Ilang tangis kang melung-melung Gusti mesthi bakal mungkasi Surya sumunar hamadangi
Ilang tangis kang melung-melung Surya sumunar hamadangi Urip kang sayekti Jagad anyar kang dumadi
