Rungokno sworo atiku Kang nandang kangen sliramu Kang tansah manah atiku Saben wengi ra biso nendro netraku
Lewat lirih sworo angin Tak titipne roso kasmaran Sedino koyo sewindu Ngantu-antu ngenteni tekamu
Padange mbulan ndadari Ngancani ati kang sepi Gawe ngamboro roso angen iki Angenku iki tondo yekti tresno ing ati Koyo mbulan menehi padang ing wengi
Tak simpen ning njero ati Esemmu tansah ngangeni Opo ning kono kroso kangen iki
Nadyan akeh godha Ra ngalangi dalaning tresno Mung sliramu memanike kalbu Ra ono wong liyo
Rungokno sworo atiku Kang nandang kangen sliramu Kang tansah manah atiku Saben wengi ra biso nendro netraku
Lewat lirih sworo angin Tak titipne roso kasmaran Sedino koyo sewindu Ngantu-antu ngenteni tekamu
#Credits: Judul : Lewat Angin Wengi Voc : Niken Salindry Cipt : R. Husin Albana