Lirik Lagu Nirmala - Arya Galih Feat Sasya Arkhisna

Nalika netra ketemu rasa Ademing nala ora krasa Kasengguh asih minangka sulih Tembung lirih ngusada perih

Duh kang mas prasaja Ora ngalih seje ukara Aku kembang kang alum Jinajah jalma tanpa rasa

Ibarat kembang wangimu wes ra kaya wingi uni Ning tan ngurangi sihing ati Sun rukti, dadya kembang kang bali wangi Sesotyaning jalmi mustikaning warni

Duh jawata jebul sih ta ana Priya kang hamengku kenya Nadyan ala kang mung ana Den usada dadya Nirmala

Sih kinasih, mong kinemong Cahyasmara kang madangi ndonya