Kalamun qodimun laa yumalu sama’uhu Tanazah an qoulin wa fi`lin wa niyatin Bihi astafi min kulli da’ain wa nuuruhu Dalilun liqolbi inda jahli wa haiyrotiy
Kawulo cilik podo nelongso Sandang pangan dikurangi Kaum wanito diperkoso Kaum prio podo disikso
Akeh uwong kerjo pekso, Ngorbanake sanak bateh lan tonggo, Soko wong jowo kang ngatong bondo Sebab edan marang bondo
Kawulo cilik, suwal kadud Suwal kadud goni puniko Agemane saben wengi Saben wengi lan saben rino
Kukur kukur sambat sabendino Sebab srakahe panggede Podo mikir weteng dewe, Podo nracak sak karepe dewe
Podo sambat podo gletak Podo ngatang tanpo nyowo Separan paran Podo nangis ra nduwe bondo
Tegal sawah, tinandur kapas Tinandur kapas penjajah negoro Rojo koyo di rampoki Dibegali antek e londo