Lirik Lagu Pulung - Davi Siumbing

Soyo gede lagek kroso
abote golek arto
Direwangi jungkir walik
Kerjo totoan nyowo
Sampek kapan uripku dinggo
idek idekan
Pingin comeback
malik keadaan

Ngalor ngidul turut ndalan
golek panguripan
Nandur terus mboten ngertos
Bakal uwohe kapan
Mugi Gusti pangeran enggal
maringi dalan
Ben nasibku pinaringan kabejan

Opo mungkin
sing gak mungkin dadi mungkin
Opo iso
sing khayal dadi kenyataan
Urip pisan anane mung dipulosoro
Karo rojo dadakan
Arep nyerah kesatria kok lemah
Senadyan susah
kudu tetep macak gagah
Ati pitik balung gajah
Wani ndisik ojo wedi kalah

Mboten muluk-muluk
Pingin sugih pitung turunan
Gusti paringi rejeki deres
koyo udan
Jalur langit niku mboten wonten
Sing iso nglawan
Kulo siap nampi pulung
Jackpot kehidupan
Opo mungkin
sing gak mungkin dadi mungkin
Opo iso
sing khayal dadi kenyataan
Urip pisan anane mung dipulosoro
Karo rojo dadakan
Arep nyerah kesatria kok lemah
Senadyan susah
kudu tetep macak gagah
Ati pitik balung gajah
Wani ndisik ojo wedi kalah
Ati pitik balung gajah
Wani ndisik ojo wedi kalah