Lana ngambara, tresna ing jiwangga Wuyung sinandhang jroning ati Kaduk langkung karungrum Mugi tinebehna ing sesandhung
Saktelenging puja nyenyuwun ndedonga Mugya saged kasembada Sesandhing saresmi kesuma ati Sang hyang rawi pangrubeda ngimpi
Angel nglali tan sagah nglironi Gegetun rinasa yen kelangan ndika
Bang bang wetan ninggal wayah ratri Byar padhang sumribit nglelingsemi Wis gumolong kapti mundhut palakrami Gesang tuwin pati mung ndika sawiji