Tak eling eling Esemmu ngangeni Wes pirang wengi Nandang kasmaran iki Wes tak cubo Ngilangke ning ati Nanging soyo Kangen setengah mati
Tulong tak jaluk Wenehono wektu Sambangen aku Sak kedep lerem atiku Padange mbulan Ngancani sepiku Tansah ngamboro Ono ing lamunku
Sambangen nadyan sedelo Tekamu kinaryo tombo Rungokno tangise rindu Sing nrajang telenging atiku
Mung lewat tembang wengi Sworokne kasmaran iki Tembang kanggo sing keroso Mesti wae wong sing tak tresno
