Sakjane aku wes kroso Ket pertama koe ngungkapke roso Ngobati pas atimu keloro Basan mari aku sing nanggung loro
Dipekso kon ninggalke Dipekso kon nglalekne Kenangan sing tau digawe Sing tak kiro bakal happy endinge
Rumangsamu aku iki tresno mung modal dengkul Aku mbok gowo ngalor ngidul malah jebul Ngroso paling setia tapi asline buaya Cukup cukup cukup lehmu akting ning sosial media
Mbokyo ngoco dapuranmu kui ora sepiro Curhat rono rene seolah paling loro Hambok sadaro aku iki kurange opo Stres budrek fituring loro ngelus dodo
Mbuh bingung arep nglalekne ra iso Arep balen yo ra mungkin iso Kelingan sikapmu wingi nyepelekke aku Mangan ra kolu merem ra iso turu