Lirik Lagu Sido Rondo - Ajeng Febria feat. Brodin

Biyen mulo sliramu wis tak tuturi Golek bojo sing tresno welas sejati Pungkasane sliramu digawe loro Ora wurung saiki dadi rondo

Nanging piye kabeh mau wis kebacut Ibarat bubur ra bakal dadi sego Mulo getunku iki tanpa upomo Ngerti ngono lamaranmu sing tak tompo

Kabeh mau ora perlu digetuni Janjiku biyen aku sanggup nganteni Kowe lan aku mugo dadi jodone Ra keno prawane tak enteni rondone

Ora nyono sampeyan sabar ganteni Ing nyatane tresnomu tulus lan suci Sing tak suwun sing gede pangapurone Andum tresno bebojoan selawase

Baca Juga: Lirik Lagu Ajeng Febria - Ibu Bilang Pakai Ini Dulu