Mas opo wis lali sliramu Dek semono yen dolan karo aku Pancen wis suwe ra tau ketemu Wis sakmestine lali aku
Mas mumpung saiki ketemu Jogetan tetembangan karo aku Dadio tombo kangenku kangenmu Bali eling naliko iku
Sepi rasane wektu mbiyen ucul dewe Nglangut terus eling kancane Jaman semono yen dolan rame-rame Guyub rukun seneng atikne
Mas gelang anting ali-ali Sakndulit kanggo tombo kangen iki Prasasat ngimpi durung butuh tangi Roso kangen wis biso mari
