Lirik Lagu Kasetyan Jati - Wahyu F Giri

Hywang candra wus ilang citrane
Mendhung peteng nglimputi cahyane
Riwis ngantheni kapangku
Amung sira pepujan atiku

Ndhuk esemmu tansah nglamlami
Lelewane milangeni
Nimas ngridhu nala
Rasa tresna sun gantha
Saiki wus bisa gatra

Wiwit rahina tumekeng ratri
Sira mung tansah tak impi impi
Sayang sira kang ngratoni nala
Sesotyaku wong ayu amung sira

Nimas mratelakake katresnan
Nedya bakal urip bebarengan
Sayang gandamu kang arum wangi
Antuk kasetyan jati ubayane datan mbalenjani

Ndhuk esemmu tansah nglamlami
Lelewane milangeni
Nimas ngridhu nala
Rasa tresna sun gantha
Saiki wus bisa gatra

Wiwit rahina tumekeng ratri
Sira mung tansah tak impi impi
Sayang sira kang ngratoni nala
Sesotyaku wong ayu amung sira

Nimas mratelakake katresnan
Nedya bakal urip bebarengan
Sayang gandamu kang arum wangi
Antuk kasetyan jati ubayane datan mbalenjani
Antuk kasetyan jati ubayane datan mbalenjani

Tresnaku suci ubayane datan mbalenjani

Related Songs