Lirik Lagu Niken Salindry - Wong Ndeso

Ireng kulitku putih kulitmu Rombeng klambiku ko toko klambimu Pikiren disik yen seneng aku Sing luwih apik ojo kesusu

Aku wong ndeso, sliramu wong kutho Aku wong miskin uripmu terjamin Ojo toh mobil ojo toh motor Sepeda wae aku ra nduwe

Aku iki Mas anak’e wong tani Bapakku macul Si Mbok buruh tandur

Yen sliramu Mas putrane wong duwur Bapakmu lurah tur uripmu makmur Opo yo gelem mengko wong tuwamu Yen nduwe mantu sing miskin koyo aku