Angenku ngambara anembus mega Ngetung lintang sesuluh padhang rembulan Tak goleki ana ngendi si panjerina Tak titipi kidung keketeging jantung
Lelungidan lung lungan kang rerambatan Amusara sora angrangket jiwangga Tak kirimi layang kitir tak sampirke angin sumilir Pa ra kerasa sliramu tansah tak pikir
Rina wengi wewayangmu mbeda atiku Singa tirta saumpama, kapan baya aku bisa Nggegem lintang ngrangkul endahing rembulan
Aku samar kuwatir lamunta cabar Sekar mekar ring ara ara kang cengkar Ngelak kang tanpa upama nunggu tumetesing tirta Kanggo nelesi lungka lungka ketiga
