Cahyane lintang ing wengi Lan sumilir adem angin ratri Tansah ngancani kasmaran iki Ngamboro lelamun angenku ing sepi Mutioro kalbu sliramu merak ati
Ati kang nandang kasmaran Nadyan adoh sinanding katresnan Ing panyuwunku jogo tresnoku Kinaryo rembulan sumunar ing dalu Geni prasetyo madangi kalbu
Reff:
Sak jembare banyu segoro Ginambar tresnoku jemblegur ing dodo Mung sliramu lir hapsari Duh wong bagus kang merak ati
Kekidungan gending asmoro Kang tansah tak tembang sliramu ing dodo Mukti selawase tansah sesandingan Mugi gusti paring kasembadan