Lirik Lagu Silvy Kumalasari - Katresnan Sejati

Janji tresna disekseni Lintang lintang ing tengahing wengi Ati kang nandang asmara Gusti kula paringa usada

Rembulan ing wayah wengi Nambahi kekesing ati iki Pepujan ati neng ngendi Duh wong manis kang tak anti anti

Wong bagos ojo siro nelangsa Aku teka nggendong tresno Lelangen asmara gawe sewu rasa Nambani ati kuciwa

Kang mas tentremna atimu Aku setyo ngenteni sliramu Bungah ku biso ketemu Tresno suci manggiho rahayu