Sineksen mbulan kekencar ing ratri. Nggurit jagad bareng klawan si reki. Sayang … Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu. Eman … Kenya manis sesotyaku.
Lara lapa tansah nggandheng lan sira. Lelana wana coba nrajang godha. Nimas … Angugemi janji suci kang wus tinali. Yayi … Nyawiji tekaning pati.
Sumpahing ati sayang tansah sandhingan. Kang kadya mimi mintuna satyeng katresnan. Pujanku sayang manggih klanggengan. Mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan.