Ingsun tansah karasa kangen Marang sira ingkang sun remen Esemmu kang manis tansah ginawe ayem Bungah sun nyandhang wewuyung
Sumebyar e lintang kang mahesi wengi Ngilengke marang sira duh kang mas Ugi rembulan melu nyekseni Rasa kangen e ati
Wong bagus mbok ojo sumelang Jujur mung sira kang tansah sun sayang Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi Tresnaku kang sawiji
Lamlaman esemmu wong bagus Kang tansah sumandhing ana kalbu Wong bagus tulung reksa rasa atimu Dadya lelabuh tresnaku
Liwat ana sumilir angin wengi Tak titipke layang kangen rasane ati Sira sun angen-angen rina lan wengi Mugya langeng tumeka pati Ohh…
Wong bagus mbok ojo sumelang Jujur mung sira kang tansah sun sayang Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi Tresnaku kang sawiji
Yen tak sawang cahyane rembulan Kang endah nalika sinawang Sira sing tak eman-eman saben dina sun gadang Mugya bisa bebarengan
Wawuyung ing prana hangrasa bahagia Nalika sira peparing warta Sun bakal rumeksa mring kahanan tresna Ngen kangenku amung mring handika
Wong bagus mbok ojo sumelang Jujur mung sira kang tansah sun sayang Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi Tresnaku kang sawiji
Wong bagus mbok ojo sumelang Jujur mung sira kang tansah sun sayang Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi Tresnaku kang sawiji
Ya mung sira wong kang sun tresnani
