Sasi wingi opo kowe lali Gusti nemokke awakdewe lewat takdire Iseh kelingan janjimu demi tuhan Tapi kowe lungo demi wong liyo
Kadang bengi eling janji manis Di pekso kuat ngadepi tangis Biasa mlaku bareng awan bengi Saiki mung iso nyawang seko mburi
Eluhmu aku sing ngelapi Esemmu wong liyo sing nikmati Udan eluh dadi saksi loro ati
Raono sing luwih gawe loro ati Weruh wong liyo alon-alon gantike posisi Aku ngrumati… Aku ngerteni… Saiki nyadari aku rak berarti