Ra kerasa wis seprene
Nggonku nggedhekke
Koyo lagi wingi
Tak kudang lan tak rumati
Trenyuh ati iki
Nyatane tahun wis ganti
Sliramu wis dadi pria
Kang sejati hambangun
Bebrayan mulyo
Ngger anakku rungokno ibu
Titip tembung
Nggo sangu urip
Madyaning bebrayan agung
Gemi lan nastiti
Sing sabar lan ngati ati
Mugio nggonmu bebrayan
Selawase tansah pinaring kamulyan
Tangismu dadi donganing atiku
Saben esemmu dadi cahya dalanku
Tangan sing wit cilik tak gegem
Saiki kudu tak cul ake
Mergo wis titi wancine
Neruske dalan urip e
Donga lan pangestu
Mung kanggo sliramu
Tembang dongane ibu
Genggemen njero atimu
Gusti bakal mayungi
Saben kabeh langkahmu
Langgeng setyo tuhu
Soko ijab kabul
Nganti pungkase wektu
Reff :
Donga lan pangestu
Mung kanggo sliramu
Tembang dongane ibu
Genggemen njero atimu
Gusti bakal mayungi
Saben kabeh langkahmu
Langgeng setyo tuhu
Soko ijab kabul
Nganti pungkase wektu
Soko ijab kabul
Nganti pungkase wektu
Credits:
Judul Lagu : Tembang Donga
Penyanyi : Soimah
Pencipta : Nurbayan
Arranger : Boedhie Pramono