Peteng rasaning ati kang nandang
 Sengiting liyan hanyawang
 Aku koe labuh katresnan
Kangmas wong bagus , tak jaluk ojo
 Seleh katresnan pancene
 Tresno kui akeh pacoban
Arep tumeko ngendi katresnan iki
 Yen to aku , sliramu ra di akoni
Senadyan donya ra biso nompo
 Bakal tak jogo yen durung
 Kapisah mring kang kuoso
Kangmas koe sing tak sayang
 Ra lilo aku kudu kelangan
 Kangmas mustikaning ati dongaku siji
 Tresno iki abadi
Duh dewo dewaning asmoro
 Kuatno ati kawulo
 Anggonku lelabuh tresno
 Datan kendat saking cobo
Tak rewangi tak pateni
 Lahire tresno kang suci
 Kasunyatan yen to aku
 Sliramu isih nyawiji