Lirik Lagu Dike Sabrina feat. Happy Asmara - Tamu Undangan

Minggu esok adus mruput,
Gas tipis ning resepsimu
Nyekseni ijab kobul koe ro bojomu

Setatusku mbiyen pacar
Saiki tamu undangan
Kelangan koe, aku oleh ijol prasmanan

Rasane bingung iseh ra percoyo
Telung sasi wingi aku iseh pacarmu
Jebul saiki ono wong liyo
Rodo sedih pingin nangis tapi kok wagu

Awale indah, kini berantakan
Kabeh crito mbok rampungi Nganggo undangan
Aku gagah teko ning resepsinan,
Koe sesandingan Tak tinggal nyanyi dangdutan

Aku ngerti
Yen atiku, mung tok nggo rekreasi
Aku sadar
Ku relakan, walaupun sedikit ambyar

Minggu esok, adus mruput,
Gas tipis ning resepsimu
Nyekseni ijab kobul koe, ro bojomu

Setatusku mbiyen pacar
Saiki tamu undangan
Kelangan koe, aku oleh ijol prasmanan

Aku rumongso rung iso nyenengke
Nuntut urip penak ku rakuat sanggane
Mlaku taunan dadi raono gunane
Tiwas sayang, dadi rapenak atine

Ngerti ngerti aku nampani undangan
Ono jenengmu aku bingung ra karuan
Mbiyen pacar saiki aku dadi mantan
Dadi saksimu pas munggah ning pelaminan

Aku ngerti
Yen atiku, mung tok nggo rekreasi
Aku sadar
Ku relakan, walaupun sedikit ambyar

Alasanku milih de’e
Mergo kowe nyepelekke
Kerep pedot, bertahan soyo abot

Koe ra tau peduli, sedangkan de’e gemati
Sampai jumpa, goodbye sayang, aku rabi

Minggu esok, adus mruput,
Gas tipis ning resepsimu
Nyekseni ijab kobul koe, ro bojomu

Setatusku mbiyen pacar
Saiki tamu undangan
Kelangan koe, aku oleh ijol prasmanan
Kelangan koe, aku oleh ijol prasmanan

#Credits:
Title : Tamu Undangan
Vocal : Dike Sabrina Ft. Happy Asmara
Songwriter : Tatak Irwanto
Arrangement : DS Music

Related Songs