Kawitan sinawange pasuryan
 Tansah ginambar ing semune awang
 Katon endah  solah slagane
 Karereng wredhu bawane
Duh nimas tan kendhatku ngalembono
 Batin jroning tyas hangidung tresno
 Yen sinawang gebyare kahanan
 Biso anut mbungahne angenan
Lintang ing  tawang  kadyo netramu
 Padange bulan gambarne esemu
 Sumilire angin gowo tresno
 Jenengmu kang katut kagowo
Koyo ngene yen nandhang loro asmoro
 Jroning nala mangambar arum puspito
 Dahat rasaku sesandhing marang sliramu
 Dyah ayu memanike jantungku