Lana ngambara, tresna ing jiwangga
Wuyung sinandhang jroning ati
Kaduk langkung karungrum
Mugi tinebehna ing sesandhung
Saktelenging puja nyenyuwun ndedonga
Mugya saged kasembada
Sesandhing saresmi kesuma ati
Sang hyang rawi pangrubeda ngimpi
Angel nglali tan sagah nglironi
Gegetun rinasa yen kelangan ndika
Bang bang wetan ninggal wayah ratri
Byar padhang sumribit nglelingsemi
Wis gumolong kapti mundhut palakrami
Gesang tuwin pati mung ndika sawiji