Lyrics
Ajeng Febria - Jalaraning Tresno
Java

Lirik Lagu Ajeng Febria - Jalaraning Tresno

Sunar mbulan wayah dalu
Kalah endahe yen kalawan esemu
Solah slagamu kang lugu
Amimbuhi kapang jroning kalbuku

Bungah tan kuwawa aku
Tansah mbayangi pikirku
Esemu dadi jalaraning tresnaku

Puspita kang manis ayu
Parasmu dya lintang luku
Amung sira kang tak antu
Rina wengi nggugah kalbu

Asmara setya satuhu
Marang duh wong ayu
Nyata tresnaku
Tulus kanggo sliramu

Tentang

Judul
Ajeng Febria - Jalaraning Tresno
Artis
Ajeng Febria
Pencipta Lagu
,
Nama Channel
Beta Creative
Tanggal Publikasi Video
23 Mei 2026
Bahasa/Genre
Java
Dokumentasi Teks Oleh
Best Lirik Lagu