Sineksen mbulan kekencar ing ratri
Nggurit jagad bareng klawan si reki
Sayang
Natah bungah ngrengga
Tresna nyandhing sliramu
Eman
Kenya manis sesotyaku
Lara lapa tansah nggandheng lan sira
Lelana wana coba nrajang godha
Nimas
Angugemi janji suci kang wus tinali
Yayi
Nyawiji tekaning pati
Sumpahing ati sayang
Tansah sandhingan
Kang kadya mimi mintuna
Setyeng katresnan
Pujanku sayang
Manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan
Antuk jatining kasetyan
Baca juga:
Lirik Kejawen - Ettasoju
Lirik Kejawen - Ettasoju
Best Author Team: Putri Lestari, Ajeng Sabrina, Yeni Febria, Citra Putri, Kanchi Salsabella, Putri Salju, Princes Violetha, Jihan Anggraini, Budiyanto, Budi Mahendra, all pseudonym from pariaman minangkabau sumatra barat.