Lyrics
Niken Salindry - Jagad Anyar Kang Dumadi
Campursari

Lirik Lagu Niken Salindry - Jagad Anyar Kang Dumadi

Jeriting panandhang oh Gustiku
Suwara tangis kang kelayon
Trenyuh sak jroning ati
Angadhepi pacoban iki
Manungsa tan bisa anyelaki
Pepati kang nggegirisi
Titah tanpa daya
Angadepi pacoban iki

Aduh Gusti amung pasrah ing pesthi
Aku percoyo langit tan mendhung
Ilang tangis kang melung-melung
Gusti mesthi bakal mungkasi
Surya sumunar hamadangi
Urip kang sayekti
Jagad anyar kang dumadi

Manungsa tan bisa anyelaki
Pepati kang nggegirisi
Titah tanpa daya

Angadepi pacoban iki

Aduh Gusti amung pasrah ing pesthi
Aku percoyo langit tan mendhung
Ilang tangis kang melung-melung
Gusti mesthi bakal mungkasi
Surya sumunar hamadangi

Ilang tangis kang melung-melung
Surya sumunar hamadangi
Urip kang sayekti
Jagad anyar kang dumadi

Tentang

Judul
Niken Salindry - Jagad Anyar Kang Dumadi
Pencipta Lagu
Bahasa/Genre
Campursari
Tanggal Publish
17 Juli 2026
Dokumentasi Teks Oleh
Best Lirik Lagu