Hywang candra wus ilang citrane
Mendhung peteng nglimputi cahyane
Riwis ngantheni kapangku
Amung kangmas pepujan atiku
Ndhuk, esemmu tansah nglamlami
Lelewane milangeni
Nimas ngridhu nala
Rasa tresna sun gantha,
Saiki wus bisa gatra
Wiwit rahina tumekeng ratri
Sira mung tansah tak impi-impi
Sayang sira kang ngratoni nala
Sesotyaku wong bagus amung sira
Nimas mratelakake katresnan
Nedya bakal urip bebarengan
Sayang gandamu kang arum wangi
Antuk kasetyan jati ubayane datan mbalenjani
Baca juga:
Lirik Sumandhing - Sasya Arkhisna
Lirik Sumandhing - Sasya Arkhisna