Matur nuwun kagem bopo lan biyung
Awit dungo lan pangestunipun
Biso kasembadan gegayuhanku
Murih tresno kang satuhu
Matur nuwun dhuh kembang atiku
Awit tresno tulus lahir batinmu
Asmoro kang suci thukul ngayemi
Tak kanthi tak rukti tak gemateni
Tugasku mung siji njogo lan ngati ati
Ngukir tresno sejati tumekeng pati
Maturnuwun Gusti mpun ngijabahi
Kekarepanku mulyakke sang dewi
Ora mung sewates ono ing ngimpi
Yayi labuh tresno kabukti
Asmoro kang suci
Amung pati kang mungkasi
Manggih mukti
Tugasku mung siji njogo lan ngati-ati
Ngukir tresno sejati tumekeng pati
Maturnuwun Gusti mpun ngijabahi
Kekarepanku mulyakke sang dewi
Ora mung sewates ono ing ngimpi
Yayi labuh tresno kabukti
Maturnuwun Gusti mpun ngijabahi
Kekarepanku mulyakke sang dewi
Ora mung sewates ono ing ngimpi
Yayi labuh tresno kabukti
Asmoro kang suci mung pati
Kang mungkasi
Lirik Niken Salindry - Titip Kangen
