Lirik Lagu Niken Salindry - Kahanan

Kahanan ku iki, yen tak umpamakke
Koyo cahyaning bulan kang kalingan mego
Peteng koyo aneng luwung, suwung sepi tan ono
Kang biso angluwari panandanging ati

Jerit tangis atiku, tetes luh ing pipiku
Roso nelongso sliramu megatke tresno
Ibarat kembang kang layu tanpo kumbang asmoro
Aku kang kebacut tresno kok tinggal lungo

Nglangut ing wanci wengi
Yen rino atiku nelongso
Putus talining janji
Kowe ninggal kembang tresno

Loro laraning ati
Nadyan loro aku nerimo
Sliramu cidro janji
Tego ninggal aku lungo

Tak lilakke lungamu
Nadyan abot jroning rasaku
Pepes woting atiku
Kesayat welas tresnamu

Nadyan adoh dunungmu
Ojo nganti nglalekke aku
Kenangan lan sliramu
Dadi memanik ing kalbu

Umpamane… kowe bali…
Nambani laraning ati dek semono
Tak enteni…. kowe bali…
Bebarengan nyambung tresno dek semono hooo…..

Related Songs