Lyric
Dike Sabrina - Sumandhing
Java

Lirik Lagu Dike Sabrina - Sumandhing

Sineksen mbulan
Kekencar ing ratri
Nggurit jagad bareng
Klawan si reki

Sayang..
Natah bungah ngrengga
Tresna nyandhing sliramu
Eman.. Kenya manis sesotyaku

Lara lapa tansah
Nggandheng lan sira
Lelana wana coba nrajang godha

Nimas..
Angugemi janji
Suci kang wus tinali
Yayi.. Nyawiji tekaning pati

Sumpahing ati sayang
Tansah sandhingan
Kang kadya
Mimi mintuna setyeng katresnan

Pujanku sayang
Manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan
Antuk jatining kasetyan

Lara lapa tansah
Nggandheng lan sira
Lelana wana coba nrajang godha

Nimas..
Angugemi janji
Suci kang wus tinali
Yayi.. Nyawiji tekaning pati

Sumpahing ati sayang
Tansah sandhingan
Kang kadya
Mimi mintuna setyeng katresnan

Pujanku sayang
Manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan
Antuk jatining kasetyan

Sumpahing ati sayang
Tansah sandhingan
Kang kadya
Mimi mintuna setyeng katresnan

Pujanku sayang
Manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan
Antuk jatining kasetyan
Mrih bisa kasembadan
Antuk jatining kasetyan

Best Author Team: Putri Lestari, Ajeng Sabrina, Yeni Febria, Citra Putri, Kanchi Salsabella, Putri Salju, Princes Violetha, Jihan Anggraini, Budiyanto, Budi Mahendra, all pseudonym from pariaman minangkabau sumatra barat.